No student devices needed. Know more
40 questions
Kupu kuwi arep dikapakake?
mabur
diincup
ngewuhake
ngalor
Menyang ngendi abure kupu ing tembang?
Ngidul ngulon ngetan bali ngalor
Ngalor ngidul ngetan bali ngulon
Ngalor ngulon ngetan bali ngidul
Ngalor ngidul ngetan bali ngalor
Bubar mencok, kupu banjur nyangapa?
ngalor ngidul
mrana mrene
saparan-paran
mabur bleber
Kupu kuwi tak incupe.
Tak incupe padha tegese karo . . . .
tak cekele
tak ubere
tak tutake
tak sawange
Sing kalebu tembang dolanan ing ngisor iki yaiku . . . .
Pucung, Ilir-ilir, Mijil
Kodhok Ngorek, Jago Kate, Pucung
Kupu Kuwi, Jamuran, Gambang Suling
Jaranan, Pangkur, Cublak-cublak Suweng
Kanggo ngatur endhek dhuwur utawa dawa cendhake tembang diarani . . . .
cakepan
titi laras
pelog
slendro
Jaranan-jaranan, jarane jaran teji.
Cuplikan ukara ing tembang iki bisa digancarake dadi . . . .
dolanan jaran-jaranan
numpak jaran-jaranan arane jaran teji
ana wong padha numpak jaran, jaran sing ditumpaki jaran teji
sing numpaki jaran teji ndara bei, diiringi para mentri
Kaendahane nagari Indonesia ora mung alame, nanging uga ing kebudayan, lan kesenian. Salah siji tuladha kaendahane seni lan salaras karo bocah-bocah sing seneng dolanan yaiku . . . .
tembang campursari
tembang macapat
tembang dolanan
tembang lagam
Tujuan utama lan isine tembang dolanan sejatine kanggo menehi piwulang marang bocah-bocah ngenani . . . .
ilmu pengetahuan
olahraga
ketrampilan
budi pakerti
Salah siji cirine tembang dolanan yaiku . . . .
ukarane cekak lan prasaja
ukarane endah lan angel
ukarane dawa-dawa
cengkok utawa lagune angel
Tembang ing ndhuwur dumadi saka . . . baris.
3
5
7
9
Piranti kanggo ngolah pari dadi beras ing tembang dhuwur yaiku . . . .
mesin selep
mesin giling
lesung lan alu
lumpang watu
"Yen wis mateng nuli madhang", tembung madhang basa krama aluse . . . .
mangan
nedha
nedhi
dhahar
Inti saka isine tembang ing dhuwur yaiku yen kepingin keturutan karepe yaiku mangan . . . .
kudu nyambut gawe
njaluk wong wae
njagane wong tuwa
tuku ing warung
Nilai budi pekerti saka tembang ing dhuwur sing bisa dijupuk yaiku . . . .
gotong royong
jujur
mandiri
kurmat kinurmatan
Tembang sing lumrahe ditembangake bocah – bocah nalika dolanan diarani ….
tembang dolanan
tembang wajib
tembang macapat
tembang jawa
Setitekna Tembang ing ngisor iki !
Kupu Kuwi
Kupu iku dak incupne
Mung aburmu ngewuhake
Ngalor ngidul ngetan bali ngulon
Mrana mrene mung saparan paran
Sapa bisa ngincupake
Mentas menclok cegreg
Nuli mabur bleber
Tembung ngewuhake nduweni teges ……….
Nyenengake banget
Papan, panggonan
Angel banget
Mabur cepet
Setitekna Tembang ing ngisor iki !
Kupu Kuwi
Kupu iku dak incupne
Mung aburmu ngewuhake
Ngalor ngidul ngetan bali ngulon
Mrana mrene mung saparan paran
Sapa bisa ngincupake
Mentas menclok cegreg
Nuli mabur bleber
Tembang ing dhuwur ana pirang larik ?
1
2
8
7
Tembang dolanan nduweni titikan utawa ciri – ciri.
Ciri – cirine tembang dolanan yaiku ……………
Basane angel dimangerteni
Basane prasaja lan gampang dingerteni
Bisa ditembangake sinambi sinau
Bisa ditembangake wayah esuk
Setitekna tembang dolanan ing ngisor iki!
Bulan Gedhe
Bulan – bulan gedhe
Ana santri menek jambe
Ceblokna salining wae
Mumpung jembar kalangane
Mumpung gedhe rembulane
Suraka surak hiyo
Mumpung jembar kalangane, nduweni tegaes …………
Mumpung isih enom, ayo sing padha sregep.
Mumpung isih sugih, ayo sing padha nyambut gawe.
Mumpung isih esuk , lan hawane isih seger.
Mumpung isih ana wektu lan diparingi rejeki
Ing ngisor iki sing kalebu tembang dolanan yaiku ……….
Jaranan, Kinanthi, Jamuran.
Gambang Suling, Jaranan, Jamuran
Padhang Bulan, Jaranan, Pucung
Pucung, Gambang Suling, Jamuran
Tujuan utama isine tembang dolanan yaiku ………..
Ajaran Agama
Ajaran Budi pekerti
Ajaran dolanan
Ajaran ngenani pelajaran sekolah
Penyebarane tembang dolanan iku sarana ……
Gethok tular lan turun temurun.
Crita bareng lan maca buku.
Maca buku lan dicritani
Ngrungokna lan ndeleng video
Tembang dolanan kang judhule “ Dhondhong Apa Salak “ nduweni makna ………….
Ngajarake kita supaya kudu urip mandhiri.
Ngajarake kita supaya kudu urip rukun.
Ngajarake kita supaya kudu urip sehat.
Ngajarake kita supaya kudu urip prasaja.
Tembang dolanan “ Padhang Bulan “ kerep ditembangake ing wayah ………
Esuk
Awan
Sore
Wengi
Judul sing cocok kanggo lagu dolanan kang cocog kanggo gambar ing ndhuwur yaiku ……..
Kupu Kuwi
Kupu
Kupu Ing Taman
Aku Duwe Kupu
Tembang dolanan iku pantese ditembangna sarana ………
Dhewe-dhewe
bebarengan
karo turu
karo mangan
Ayo simak tembang ing ngisor iki
Jaranan – jaranan, jarane jaran teji
Sing numpak ndara Bei
Sing nggiring para mantri
Jeg – jeg nong, jeg – jeg gung
Prok prok turut lurung
Gedebug krincing gedebug krincing
Prok – prok gedebug jedher
Manut tembang ing ndhuwur iku, sapa sing nggiring ndara Bei?
Jaran teji
Para mantri
Gedebug jedher
Jaranan
Ayo simak tembang ing ngisor iki
Jaranan – jaranan, jarane jaran teji
Sing numpak ndara Bei
Sing nggiring para mantri
Jeg – jeg nong, jeg – jeg gung
Prok prok turut lurung
Gedebug krincing gedebug krincing
Prok – prok gedebug jedher
Ana ngendi ndara Bei numpak jaran ?
ana pasar
ana omahe para mantri
turut lurung
turut sawah
Manut teks tembang dolanan ning dhuwur kodhoke ngorek ing....
blumbang
pinggir kali
sawah
pinggir blumbang
Manut teks tembang dolanan ing dhuwur ngoreke kodhok unine....
theyot teblung
thet thet thiyet
kigkig kriyig
gogok petok
Bocah sing nakal njaluk dikapakake?
dijewer
dijiwit
dijamoni
dicethot
Jamune bocah sing nakal yaiku....
beras kencur
temulawak
temugiring
brotowali
Jangkrike ngerik ana ing....
njero lemah
grumbulan
pategalan
suketan
Kepiye unine ngerike jangkrik?
theyot teblung
thet thet thiyet
kigkig kriyig
citcit cuit
Manut tembang ing dhuwur, bocah pinter besuk gedhe dadi....lan numpak....
insinyur, montor mabur
insinyur, helikopter
dhokter, helikopter
dhokter, sekuter
Pitutur saka tembang ing dhuwur yaiku....
bocah nakal njaluk dijamoni
bocah nakal lumrahe pinter
bocah meneng lumrahe bodho
bocah pinter besuk uripe bakal kepenak
Tembang dolanan iku ora kaiket paugeran (aturan) ing ngisor iki, kajaba....
guru gatra
guru lagu
guru wilangan
guru basa
Ing ngisor iki kang ora kalebu tuladhane tembang dolanan yaiku....
pocung
menthog menthog
gundhul gundhul pacul
cublak cublak suweng
Ing ngisor iki kalebu titikane (ciri-ciri) tembang dolanan, kajaba....
basane prasaja
kawarisake kanthi cara turun-temurun
ora kaiket dening paugeran (guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra)
ngandhut pitutur utawa pesen moral tumrap bocah lan wong diwasa
Explore all questions with a free account