40 questions
Kang ora kalebu dasanamane tembung Pranatacara yaiku ....
Panata adicara
Pambagyaharja
Panata acara
Pambiwara
Pewara
”Para pepundhen para pinisepuh ingkang dahat kinabekten”. Ukara iki kalebu perangan ....
salam pambuka
atur pakurmatan
atur pangayubagya
tetepungan
atur puji syukur
Bedane teks pranatacara karo pamedharsabda, bisa dititeni ing perangan ....
Pambuka
Rantaman adicara
Isi
Panutup
Papan lungguhe
Jinise teks pamedhar sabda iku akeh banget. Pamedhar sabda kang ngemu wigati nampa rawuhe tamu diarani ....
atur wilujeng
atur pasrah
atur pangayubagya
atur pakurmatan.
atur panampi
Jejibahane pranatacara iku kang paling abot yaiku nalika ....
nutup adicara
nata lan nulis rantamane adicara
nata lakune adicara
mbukak adicara
maca adicara
”Puput pepuntoning adicara, wus dumugi paripurnaning gati.” Ukara iki mathuke digunakake ing perangan … .
pambuka
atur pakurmatan
atur panutup
rantaman adicara
isi
Kang wenang medharake atur pasrah penganten kakung ing adicara temu manten ....
pranatacara
sulih kadang besan
pamedhar sabda pambagya
wakil tuan rumah
sulih kang hamangku gati
Salah sijine syarat dadi pranatacara kang gamben yaiku kudu gladhen olah swara ing antarane kudu wasis ing babagan wirama wedharing ukara. Wirama wedharing ukara iku padha karo… .
artikulasi
lafal
wirama gendhing
intonasi
vokal
Kang ora kalebu syarate dadi pranatacara kang gamben yaiku ....
wasis ing olah basa lan sastra
sugih ing kawruh
besus ing busana
nuhoni trah utama
tansah ngugemi subasita
Menawi wekdalipun sampun kaseplan mepet saking rantaman, panatacara utawi pamedharsabda tamtu badhe matur kanthi … .
seru lan cetha
lumintu
ngelantur
cekak aos
ngambra-ambra
Hamedhar pangandikan kang surasane macakake rut reroncening acara yaiku ….
Wara-wara
Pambagyaharja
Pasrah
Pranatacara
Dhagelan
Nalika ngrungokake pasrah penganten, ana pratelan :
Dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang pantes pinundhi-pundhi.
Para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan.
Pratelan iku kalebu perangane tanggap wacana, kang diarani ….
Ringkesan
Pambuka
Surasa
Basa
Panutup
Ngrungokake tanggap wacana pasrah penganten, kang makarya masrahake iku saka ….
Penganten putri
Penganten lanang
Sesulih kang duwe gawe
Pranatacara
Sesulih saking penganten kakung
Sugeng siyang, Assalamu’alaikum, katentreman saha kawilujengan mugi katumrapan dhumateng panjenengan sedaya. Tuladha iku diarani….
Salam pambuka
Pambuka
Surasa
Panutup
Salam panutup
Dudutan, pangarep-arep, lan ngaturake luput anggone matur iku perangan tanggap wacana kang diarani ….
Salam pambuka
Pambuka
Surasa
Panutup
Salam panutup
Pamedhar sabda inggih menika….
tiyang ingkang remenipun ngendika
tiyang ingkang ahli ngendika
tiyang ingkang asring ngendika ing sangajengipun tiang kathah
tiyang ingkang mboten nindakaken ayahan medhar sabda
tinga ingkang ngendika wonten ngajengipun mikrofon
Supados anggenipun nglantaraken jejibahan saged kasil kanthi saé, pamedhar sabda kedah ngudi….
tut wuri handayani
adigang adigung adiguna
ajining dhiri gumantung saka lathi
ajining raga gumantung saka busana
olah basa, sastra, olah raga, busana, lan olah swara
Basa ingkang komunikatif rikala sesorah utawi rikala dados pranatacara inggih menika kedah nggatosaken bab-bab ing andhap menika, kejawi ...
Sinten ingkang gineman;
Sinten ingkang dipunajak gineman;
Sinten ingkang dipunginemi;
Basanipun sakwontenipun
Swasana nalikanipun gineman;
10. Rikala sesorah Sikep sarira tuwin pasuryan ingkang kedah katindakaken inggih menika, kejawi ...
Jumeneng kanthi sigrak tuwin jejeg, sikaping suku megar watawis kalih jobin
Jumeneng kanthi kapitadosan dhiri
Asta ngapurancang, sarira radi ndegeg, janggut katarik, namung sampun katingal kaku
Polatan katingal suméh, namung katingal kadamel-damel
Mriksani dhumateng para pamirsa kanthi trapsila
15. Tiyang dados pranatacara anggenipun nglantaraken jejibahan kedah matanggap. Matanggap tegesipun ..
anteb saha manteb
tanggap swasana
pocapan cetha
jumeneng jejeg
membat mentulipun swanten
Ing salebeting acara temtu kemawon wonten paraga ingkang ngayahi jejibahan ngandharaken / maosaken titi rantamaning (lakuning) acara / nglantaraken lampah cak-cakaning acara. Paraga menika dipunsebut….
Pambagyaharja
Juru pambagya
Pengisi acara
Pranatacara
Sesorah
Wonten ing salebeting acara menika wonten pranatacara ugi wonten sesorah. Kalih paraga menika wonten bab ingkang sami katindakaken ugi wonten ingkang boten sami. Tegesipun pranatacara lan sesorah menika wonten persamaan saha ugi wonten perbedaan. Ing ngandhap menika babagan pranatacara saha sesorah ingkang leres inggih menika….
Katitik saking basanipun, pranatacara lan sesorah sami-sami ngginakaken basa ingkang komunikatif lan awrat dipunmangertosi
Pranatacara menika maos teks wonten ing wekdal ingkang sampun dipuntemtokaken, dene sesorah maos teks saking wiwitan dumugi pungkasaning acara.
Ancasipun pranatacara ngandharaken lampahing acara, dene sesorah menika ngandharaken satunggaling pamanggih utawi pangertosan ngengingi satunggaling bab
Pranatacara boten ngaturaken salam ingkang wiwitan, dene sesorah ngginakaken salam ingkang wiwitan
Pranatacara kedah nggatosaken wicara, wirama, wiraga lan wirasa, dene sesorah menika boten prelu
Dipuntingali saking basanipun, pranatacara wonten ing pahargyan temanten menika kedahipun boten ngginakaken basa padintenan, utawi kedah ngginakaken basa ingkang endah, utawi dipunsebut….
Basa alus
Basa kiasan
Basa paramasastra
Basa rinengga
Basa pranatacara
Mas Singgih kadhapuk dados pranatacara wonten ing acara pengetan dinten kamardikan benjang siyang. Langkung rumiyin mas Singgih nyerat peranganing teks pranatacaranipun. Ing ngandhap menika ingkang boten kaserat dening mas Singgih awit boten kalebet perangan teks pranatacara inggih menika....
Salam pambuka
Atur puji sokur dhumateng Gusti
Atur kasugengan
Wedharing gati
Atur pambagyaharja
Pranatacara migatosaken andhap ing-gilipun suwanten, cepet alonipun suwanten, sora lan lirihipun suwanten. Prekawis punika ateges migatosaken .
wicara
wirama
wirasa
wiraga
wiasta
Ing ngandhap menika ingkang kedah dipungatosaken nalika nindakaken sesorah, kejawi….
wiraga
wirama
malaksana
wiyaga
busana
Kula minangka pambiwara wonten ing adicara kalenggahan punika, mbok bilih wonten tutur atur ingkang kelantur kula nyuwun agunging pangaksami dhumateng panjenengan sedaya. Andharan kasebat tuladha atur….
atur pambagya
atur panuwun
atur panutup
atur pasrah
atur panampi
Supados anggenipun nglantaraken jejibahan saged kasil kanthi saé, pamedhar sabda kedah ngudi….
tut wuri handayani
adigang adigung adiguna
ajining dhiri gumantung saka lathi
ajining raga gumantung saka busana
olah basa, sastra, olah raga, busana, lan olah swara
Para pepundhen ingkang dahat kinabekten. Para tamu ingkang … kepareng kula matur ing ngarsa panjenengan sadaya kinen ngaturaken pambagyaharja ing ari kalenggahan menika. Tembung ingkang trep kagem njangkepi ukaran ing n ginggil inggih menika….
kula ajrih
kinurmatan
kula tresnani
nembe ngasta
paring ngelmu
Nuwun, bapak-bapak, ibu-ibu tuwin para rawuh kakung sumawana putri pambela sungkawa ingkang winantu ing karaharjan.Ing kalenggahan menika kula nampi jejibahan minangka sulih sariranipun Bapak Kaeroni sakulawarga ingkang nandhang sungkawa, tinilar dening bapak Surahman pisah salami-laminipun, sowan wonten ing pangayunaning Pangeran Ingkang Maha Kuwaos. Pramila, jalaran kawontenan saha bebeging penggalih Bapak Kaeroni boten saged matur piyambak wonten ing ngarsa panjenengan sedaya.
Reroncen tetembungan ing nginggil trep dipun-aturaken dening pamedhar sabda minangka paraga .
panatacara
wakil keluwarga panandhang
keluwarga panandhang
wakil pambela sungkawa
sesepuh pangarsa kampong
Gebyar-gebyar pating pancurat pating cumlorot kadya taranggana silih sasana, agemane sri panganten sarimbit.Ukara kang kacetak kandel kuwi minangka gambarane klambi kang digawe manten sarimbit kaya...
Gumebyar kaya cahyane rembulan kang lagi ndadari
Klambine sri panganten cahyane kaya lampu sokle cumlorot
Gumebyar kaya inten kang kena sunare srengenge
Gumebyar kaya kalapis emas
Gumebyar kaya cahyane lintang kang alihan
Kolik priya, priyagung Anjani putra.Ukara ing ndhuwur kuwi klebu basa rinengga jinis....
Purwakanthi lumaksita
Saloka
Purwakanthi sastra
Paribasan
Purwakanthi swara
Tembung-tembung kang wis ora padha tegese sakawit lan nuwuhake teges anyar utawa tembung kang ora salugune diarani....
Entar
Pepindhan
Bebasan
Wangsalan
Yogyaswara
Jinising basa rinengga kang titikane utawa ciri-cirine nganggo tembung kaya, lir, kadya, pindha, lan liya-liyane kang ngemu teges kaya diarani....
Purwakanthi
Bebasan
Yogyaswara
Pepindhan
Paribasan
Saka ukara ing ngisor iki kang kalebu jinis purwakanthi guru swara yaiku....
Sapa salah bakal seleh
Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa
Runtang-runtung rerentengand
Kinasihan kadya mimi lan mintunae
Rinengga ing busana kang edi endah
Gatekna struktur teks sesorah ing ngisor iki!
1. Wasana
2. Salam panutup
3. Atur pakurmatan
4. Salam pambuka
5. Surasa
6. Puji syukur marang Gusti
Urut-urutan struktur teks pranatacara kang trep yaiku ...
4 – 3 – 6 – 5 – 1 – 2
4 – 6 – 5 – 1 – 3 – 2
4 – 3 – 5 – 6 – 1 – 2
4 – 5 – 3 – 6 – 1 – 2
4 – 6 – 5 – 3 – 1 – 2
Para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten saha bapak ibu ingkang bagya mulya. Kanthi rahmating Gusti ingkang Maha Ageng, ing wekdal punika kula lan panjenengan sedaya satksih pinaringan karaharjan sarta kawilujengan.Sajroning sesorah ingkang kacethak miring punika kalebet perangan ...
Atur pakurmatan dhateng para rawuh.
Atur puji syukur dhumateng Gusti ingkag Maha Kuasa.
wasana basa ngenani pangarep-arep
Atur panuwun dhateng para rawuh.
Atur pangapunten dhateng para rawuh menawi katah kalepatan nalika dados pranatacara.
Wacanen pethilan teks sesorah ing ngandhap punika!
Nuwun, para sesepuh, para pinisepuh ingkang dahat kinabekten. Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapak-bapak, ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.
Pethilan teks sesorah ing ndhuwur kalebu struktur ...
Pambuka
Ancasing gati
Puji syukur
Atur Pakurmaan
Penutup
Wacanen pethilan teks sesorah ing ngandhap punika!
Mbok bilih anggen kula ngayahi jejibahan kathah atur saha patrap ingkang boten ndadosaken renaning penggalih, amargi cupeting seserepan kula ing rèh subasita, basa tuwin sastra, kula nyuwun rumentahing agunging pangaksami saking panjenengan sedaya. Wasana sugeng kondur, mugi-mugi rahayu ingkang tansah pinanggih. Nuwun, matur nuwun.
Ukara ing inggil kalebet perangan sesorah bab …
Salam pambuka maring para rawuh
Purwaka sesorah
Panutup
Salam Panutup sesorah
Nyuwun pangapunten
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang pantes sinudarsana.
Tembung pantes sinudarsana tegese….
pantes disegani
pantes dihormati
pantes ditiru
pantes diajeni
pantes disenengi