No student devices needed. Know more
50 questions
Kaendahan tembung, ukara, lan basa kang digunakake dening panggurit yaiku …
Gaya-lelewane basa
Tipografi
Imaji-panyitra
Purwakanthi
Enjambemen
Tembung kang nduweni swara runtut lan lumrahe tinemu ing karya sastra kaya dene ing geguritan …
Gaya-lelewane basa
Diksi
Imaji-panyitra
Purwakanthi
Enjambemen
Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket paugeran …
Guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan
Guru swara, guru sastra, lan guru basa
Guru lagu, guru wilangan, lan guru sastra
Guru wilangan, guru basa, guru gatra
Guru basa, guru gatra, lan guru swara
Struktur geguritan iku ana loro, yaiku …
Struktur intern lan struktur ekstern
Struktur rohani lan struktur jasmani
Struktur lair lan struktur batin
Struktur batin lan struktur intrinsik
Struktur intrinsik lan struktur ekstrinsik
Struktur kang bisa dideleng lan dituduhake sajrone geguritan yaiku …
Struktur batin
Struktur jasmani
Struktur rohani
Struktur lair
Struktur intrinsik
Ing isor iki kalebu tatacara maca geguritan kang becik, kajaba …
Geguritan macane kudu cepet lan banter
Geguritan diwaca paling ora rong ambalan
Geguritan diwenehi tandha pamaca
Geguritan kudu wis ditemtokake struktur lair lan batine
Geguritan diwaca manut tanda pamaca lan andhegan
Ibu kang dakderes iki luh-mu/ dadi srana lelaku.
Purwakanthi kang digunakake sajroning pethikan geguritan ing dhuwur yaiku …
Purwakanthi guru gatra
Purwakanthi guru lagu
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi lumaksita
Purwakanthi guru swara
Ing ngisor iki kalebu tatacara nggancarake geguritan, kajaba …
Sapada geguritan lumrahe dadi sapada gancaran
Bisa nambahi tembung ing saben gatra lan pada
Tembung-tembung sing angel, diganti dadi tembung kang umum diweruhi
Kaiket paugeran guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan
Tata penulise manut tata panulise gancaran
Tandha andhegan ing ngisor iki kang artine mandheg suwe, kanggo akhir pada utawa akhir geguritan yaiku …
/
//
///
___
. _
Adat-tradhisi kang diwarisake saka simbah-simbahe biyen lan diuri-uri nganti tumekaning saiki yaiku …
Paribasan
Budaya
Cerbung
Cerkak
Cangkriman
Ing ngisor iki upacara adat kang gegayutan karo alam yaiku …
Siraman
Pethik laut
Ruwatan
Karnaval
Mitoni
Ing isor iki kalebu upacara adat, kajaba …
Tedhak siten
Brokohan
Sepasaran/puputan
Ringgit Purwa
Larung sesaji
Upacara adat bersih desa ditindakake nalika wulan …
Besar
Sura
Sapar
Syawal
Ba’da Mulud
Ing adicara bobot timbang, penganten putri lan kakung pinangku dening …
Ibune penganten kakung
Bapake penganten kakung
Ibune penganten putri
Para sepuh ingkang kinurmatan
Bapake penganten putri
Sajroning upacara adat tingkeban piranti kang digambari para wayang yaiku …
Endhog
Cengkir gadhing
Kain mori
Lawe wenang
Tumpeng
Ngomong ing ngarepe wong akeh kanthi tujuan gumanthok yaiku …
Pranatacara
Tanggap wacana
Cangkriman
Sambutan
Patembaya
1. Kang diarani pranatacara yaiku …
Wong kang didhapuk nata adicara minangka tuntunan kanggo lumakune sawijining adicara
Wong kang didhapuk nata cara minangka tuntunan kanggo macakake sawijining adicara
Wong sing nata cara
Wong sing nduweni tanggungjawab lumakune adicara
Wong sing pidhato
Ing isor iki kang dadi strukture teks pranatacara yaiku …
pambuka, isi, panutup
Pakurmatan, pambuka, panutup
Pambuka, isi, lan pangarep-arep
Pambuka, rantaman baku, panutup
Pambuka, isi/karep, lan panutup
Drama kang temane bab panguripan kaum bangsawan yaiku …
Drama misteri
Drama borjuis
Drama heroik
Drama moralis
Drama rakyat
Drama kang temane ngenani bab keagamaan kang isine crita saka Alkitab yaiku …
Drama misteri
Drama borjuis
Drama heroik
Drama moralis
Drama rakyat
Drama kang tuwuh ngrembaka cundhuk klawan dina-dina gumbira/pestaning rakyat, utamane saka karang padesan yaiku …
Drama misteri
Drama borjuis
Drama heroik
Drama moralis
Drama rakyat
Perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sbanjure, ing struktur teks lakon yaiku …
Jejer (orientasi)
Pasulayan (komplikasi)
Pangudhare prakara (resolusi)
Pungkasaning crita (koda)
Owahing crita (revolusi)
Dumadine prakara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga, ing struktur teks lakon yaiku …
Jejer (orientasi)
Pasulayan (komplikasi)
Pangudhare prakara (resolusi)
Pungkasaning crita (koda)
Owahing crita (revolusi)
Pungkasan karampungane pasulayan, ing struktur teks lakon yaiku …
Jejer (orientasi)
Pasulayan (komplikasi)
Pangudhare prakara (resolusi)
Pungkasaning crita (koda)
Owahing crita (revolusi)
Rumpakan basa kanthi paugeran tartamtu kang pangucape kudu nggunakake kagunan swara yaiku …
Gancaran
Paribasan
Tembang
Bebasan
Saloka
Tembang macapat kang duweni watak ethes, prasaja piwulang, lan wewarah yaiku …
Pucung
Maskumambang
Gambuh
Pangkur
Sinom
Tembang macapat kang nduweni watak sumanak, sumadulur mulang, lan pitutur yaiku …
Pucung
Maskumambang
Gambuh
Pangkur
Sinom
Guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane tembang macapat megatruh yaiku …
12u, 8i, 8u, 8i, 8o
10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
12u, 6a, 8i, 7u, 10i
12i, 6a, 8i, 8a
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
Guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane tembang macapat mijil yaiku …
12u, 8i, 8u, 8i, 8o
10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
12u, 6a, 8i, 7u, 10i
12i, 6a, 8i, 8a
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
Tembang macapat kang kaiket paugeran = 12i, 6a, 8i, 8a yaiku …
Pucung
Maskumambang
Gambuh
Pangkur
Sinom
Tembang macapat kang sapadane dumadi sangang gatra yaiku …
Pucung
Maskumambang
Gambuh
Pangkur
Sinom
Tembang macapat kang sapadane dumadi pitung gatra yaiku …
Kinanthi
Dhandhanggula
Pangkur
Durma
Gambuh
Tembang macapat kang sapadane dumadi enem gatra yaiku …
Asmarandana
Kinanthi
Durma
Gambuh
Mijil
Tembang macapat kang kaiket paugeran=7u,10u,12i,8u,8o, yaiku …
Pucung
Maskumambang
Gambuh
Pangkur
Sinom
Tembang macapat kang kaiket paugeran=12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i, yaiku …
Durma
Pangkur
Asmarandana
Pucung
Mijil
Tembang macapat kang nggambarake kahananane manungsa nalika isih ana ing alam ruh lan durung lair yaiku …
Mijil
Kinanthi
Asmarandana
Maskumambang
Megatruh
Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi
Ha nemu duraka
Ing donya tumekeng akhir
Tan wurung kasurang-surang
Pethikan teks ing dhuwur kalebu tembang macapat …
Pucung
Maskumambang
Gambuh
Pangkur
Sinom
Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi
Ha nemu duraka
Ing donya tumekeng akhir
Tan wurung kasurang-surang
Isi tembang tembang macapat ing nduwur yaiku …
Nyritakake panguripane manungsa kang ngabekti marang wong tuwa
Nyritakake panguripane wong tuwo kang manehipatuladhan marang anak e
Nyritakake panguripane manungsa kang ora manut marang pituture wong tuwa, mula uripe bakal sengsara ing donya lan akhirat
Nyritakake panguripane manungsa yen kita kudu manut lan ngebekti marang wong tuwo
Nyritakake panguripane manungsa supaya urip ing donya kudu ngati-ati, supaya urip ing akhirate bisa mulya
Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah dhuwur wekasane
Tumungkula yen dipundukani
Ruruh sarwa wasis
Samubarangipun
Pethikan teks ing dhuwur kalebu tembang macapat …
Pangkur
Durma
Pucung
Mijil
Megatruh
Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah dhuwur wekasane
Tumungkula yen dipundukani
Ruruh sarwa wasis
Samubarangipun
Isi tembang macapat ing soal nduwur yaiku …
Nyritakake kepriye dadi manungsa kang becik lan duweni unggah-ungguh
Nyritakake kepriye dadi manungsa kang migunani tumrap liyan
Nyritakake dadi manungsa iku kudu sabar
Nyritakake dadi manungsa iku tansah nrima ing pandum
Nyritakake dadi manungsa ora oleh tukar padu marang liyan
Minangka gantine tandha koma yaiku …
Pada pangkat
Pada lungsi
Pada adeg-adeg
Pada lingsa
Pada ancer-ancer
Sengkalan kang awujud tetembungan utawa unen-unen yaiku …
Sengkalan memet
Sengkalan surya
Sengkalan sengkala
Sengkalan lamba
Sengkalan candra
Sengkalan kang adhedhasar taun Jawa yaiku …
Surya sengkala
Candra sengkala
Surya candra
Sengkala candra
Sengkala surya
Sengkalan kang awujud pepethan utawa gambar yaiku …
Sengkalan memet
Sengkalan surya
Sengkalan sengkala
Sengkalan lamba
Sengkalan candra
Sengkalan kang adhedhasar taun Masehi yaiku …
Surya sengkala
Candra sengkala
Surya candra
Sengkala candra
Sengkala surya
Tembung-tembung kang ngemu surasa : tunggal,bumi, srengenge, lan rembulan, iki mujudake …
Watak das
Watak siji
Watak loro
Watak telu
Watak papat
Sucining pangesthi wiwaraning widi ngemu teges taun …
1945
1990
1986
1987
1989
Panca keblat aruming wewangi ngemu teges taun …
1955
1969
1975
1945
1985
Tata catur trus manunggal ngemu teges taun …
1955
1965
1975
1945
1985
Tembang macapat kang nggambarake kahanane manungsa nalika uripe wis seneng, mapan, lan sarwa kecukupan sarta aja lali padha nindakake darma yaiku …
sinom
gambuh
mijil
asmarandana
durma
Explore all questions with a free account