40 questions
Titikan teks non sastra ing ngisor iki, ngandharake jinise teks . . ..
1. Karangane katulis kanthi jangkep
2. Tujuwane kanggo ngandharake gagasan utawa
kanyatan
3. Sipate teks ngeyakinake, lan nyenengake
pamaca
4. Isine menehi pituduh, marang wong kang maca
pawarta
narasi
artikel
anekdot
deskripsi
Artikel sing ngandharake sawijine perkara kang dumadi ing masyarakat, saengga bisa dingerteni kedadeyan apa sing satemene dumadi. Jinis iki padha kaya laporan utawa reportase, bedane yen laporan mung adhedhasar kasunyatan wae, yen artikel panulisane nerangake prakara kanthi gamblang, bisa awujud opini. Andharan mau nuduhake jinise artikel . .
deskriptif
ekploratif
prediktif
eksplanatif
argumentasi
Mangsa Rendheng
Salebetipun satunggal taun dhawahipun jawah punika boten ajeg. Wonten sasi ingkang jawahipun kirang sanget. Wulan ingkang kathah jawahipun inggih punika sasi Oktober ngantos dumugi sasi Maret. Salebeting tigang dasa dinten tamtu wonten jawah. Malah kala mangsanipun ngantos setunggal sasi mbethethet jawah. Wondene wonten sasi-sasi ingkang jawahipun kirang, inggih menika wulan April ngantos September. Awit kawontenan punika, satunggal taun punika kadadosan kalih mangsa, inggih punika mangsa rendheng lan mangsa katiga. Babagan kang biyasanipun ditindakake nalika mangsa rendheng, para among tani wiwit gumregut nggarap sabinipun, nlandosi galengan lan damel kalen kangge ngilekaken toya. Selajengipun, para among tani nyebar winih damel pinihan.
Mangsa rendheng uga diarani mangsa . . ..
panas
udan
ketiga
paceklik
angin
“Ibuku ora mundhut klambi anyar kanggo Ani ing pasar” polaning ukara mau yaiku . .
JWL
JWLPK
JLK
JWPK
JWLK
Titi cara kang ora prelu digatekake jroning nulis artikel deskripsi, yaiku . . .
nemtokake objek, bisa awujud kahanan utawa kang arep diandharake.
nemtokake tujuwan panulisan.
nemtokake rumusan bakune gagasan.
ngandharake tulisan kanthi runtut bisa andhedhasar urutan wektu.
ngembangake karangan kanthi nuduhake dhata lan fakta kanggo nguwatake panemune dhewe, sarta ngasorake panemune wong liya.
Wayang minangka budaya ing Jawa kang adiluhung. Tegese wayang yaiku . . .
gegambaran lumakune urip manungsa ing bebrayan kang kebak pitutur lan piwulang kang adiluhung.
wayang menika pagelaran ngganggo boneka kang katon endah.
wayang menika karya sastra kang tinulis kanthi wujud cerkak, dhasare crita saka crita ramayana lan mahabarata.
wayang mujudake gegambaran lakon kang manut marang prentah dhalang.
perangan saka kabudayaan jawa kang urip lan diuri-uri dening bebrayan jawa
Pagelaran lakon wayang, bisa dadi salah sawijine sarana panggulawenthah ing babagan moral lan kautaman, jalaran …
pagelaran wayang mujudake sarana nikelake devisa negara.
pagelaran wayang ora mung asipat tontonan, ning uga tuntutan tumrap panontone.
pagelaran wayang purwa mujudake piwulang agama kang laras karo dhasare negara.
pagelaran wayang kang maneka warna jinise, bisa nambahi elmu lan kawruh tumrap para pamudha.
pagelaran wayang mujudake sarana dramarisasi teks crita wayang saka negara manca
Praja Ngamarta negarane Para Pandawa, konclang kaya katerak daharu. Wis ana pirang-pirang wektu, negara Amarta kena pageblug, katekan lelara nggegiris. Akeh para nayakane praja, sentana, dalah kawula kang nandhang cintraka kahanan mau kawiwitan saka murcane kabeh piyandele kadang pandawa, arupa sawernane sanjata sekti.
Cuplikan mau mujudake struktrur teks crita wayang bageyan . . .
Orientasi
Komplikasi
Resolusi
Kode
Amanat
“Hananonton ringgit manangis asekel mudha hidepan.” Tegese . . .
sejatine mono, kabeh mau mung dhapur wewayangan, sulapan kawula.
ana wong kang nonton wayang, lha kok nangis, sedhih, ora karu-karuwan rasane atine.
kamangka dheweke wis weruh, yen kang mobah mosik lan cecaturan mau mung dhapur kulit kang sinungging.
mangkono mau wong-wong kang banget kaiket pancandriyane, padha ndlongop, nganti ora ngerti apa-apa.
sejatine wong urip kuwi kudu gelem nggoleki, ngugemi, lan ngamalake pangaji-aji adiluhung
Lakon wayang sumbering crita kajupuk saka epos Ramayana lan Mahabarata (India), wujud wayange arupa golekan saka kulit, yaiku . . .
Wayang Golek
Wayang Wong
Wayang Purwa
Wayang Madya
Wayang Beber
Bobot ajining kang ana sajrone teks sandhiwara gumantung marang . .
jejer (orientasi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
pangudhare prakara (resolusi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘prasaan’ sing nonton.
basa rinengga (gaya basa) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
pasulayan (konflik) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
dhalang (sutradara) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton
Titikan kang nuduhake kakurangane basa lisan, sajrone teks drama tradisional yaiku . . ..
kadhang kala ukarane dibolan-baleni.
luwih bebas merga ora winates paramasastra.
luwih cepet dingerteni wong kang diajak wawanrembug
bisa dicocogake marang kahanan (situwasi).
angel dipahami jalaran tetembunge winates
Ibu : Bapak wis dhahar?
Bapak : Wis, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung kondur.
Basa kang digunakake ing punggelan teks kasebut yaiku . . ..
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Ngoko lan krama
Basa kang digunakake kanggo cecathuran wong luhur durung nate tepung lan durung akrab, nggunakake basa . . .
ngoko
ngoko alus
krama lugu
krama inggil
krama madya
Minangka pribadhi kang lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan, jalaran . . .
ing ngendi lan karo sapa kita rembugan panganggone basa padha wae.
panganggone basa ing warung kopi padha karo ing arisan ibu-ibu..
bocah sekolah, bocah kuliyahan, para pegawe, yen jagongan basane padha wae.
para intelek, emimpin agama, apa dene politkus, yen jagongan padha wae.
beda papan lan bab kang dirembug, bisa ndadekake beda panggonane basa
Naskah crita kang mujudake pirembugan utawa pacaturan (dhialog), kang bisa diparagakake dening para paraga lumantar naskah diarani . . .
tembang
drama
parikan
gancaran
geguritan
“Dadi aku luwih nengenake kepentingane wong kang isih urip. Mula wit asem buntung kae tetep dakrubuhake, supaya anak putu luwih gampang uripe. Rubuhe wit asem buntung, banjur arep dakgawe pasar, supaya desa saya rame.”
Pethikan dialog mau nggambarake bageyan . . .
pambuka
tetepungan/eksposisi
klimaks
tentangan/konflik
panutup
Pegelaran lakon, bisa dadi salah sawijine sarana nggegulang moral kang cocog lan trep, jalaran . . .
tuntunan lan wulangan ing pagelaran lakon nduweni sipat doktriner kang meksa.
tuntunan lan wulangan ing pagelaran lakon ora nduweni sipat doktriner kang meksa.
lumantar medhia tontonan, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral ora bisa rumesep lan kajiwaraga.
lumanar medhia tontonan, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral nduweni sipat doktriner kang meksa.
lumantar medhia tontonan, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral bisa meksa rumesep lan kajiwa raga.
Teks lakon drama katulis kanthi bleger kang dumadi saka . . .
bait, baris, paragraf, lan antawacana
paragraf, antawacana, swasana, lan pituduh laku
tokoh, bait, baris, swasana, lan pituduh laku
tokoh, paragraf, swasana, lan pituduh laku
tokoh, antawacana, swasana, lan pituduh laku
Tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg diarani . . ..
paribasan
unen-unen
cangkriman
parikan
wangsalan
Kancaku sakelas biyen wis kaya sadulur, merga ana ing ngendi wae mesthi bebarengan. Sadurunge oleh pakaryan kerep dolan ana ing omahku, nanging wis suwe ora keprungu kabare. Minggu wingi tanpa kanyana dheweke dolan menyang omahku, sapira senenge atiku. Wangsalan kang jumbuh karo pratelan iku, yaiku . . .
pitik walik saka kebon
mrica kecut
njanur gunung
njangan gori
nyaron bumbung
Sesambungan karo kanca ing sekolahan ora ana kang luwih menang utawa sing kalah, kabeh kudu dianggep padha. aja nganti nganak cecak marang kancane. Nganak cecak ing wangsalan tegese . .
kadingaren
sawayah-wayah
ethok-ethok
kakean modhel
usada
“Weh-weh bingung aku ngetunge ….uakeh banget..” kandhane Ika nyengar-nyengir.
“kene taketunge, dhasar gak tau mangan sekolahan!” Kandhane Desi karo nyaut dhuwit saka tangane Ika.
Pesan moral cerkak kang pas kanggo ukara mau, yaiku . . .
religi
sosial
budaya
pendhidhikan
pribadhi
Paningset minangka adicara kang ana sajrone lamaran. Ing ngisor iki kang ora kalebu ubarampe paningset yaiku . . .
dhuwit
jajanan
ali-ali
sandhangan
pepaes
Wayange Mas Dhalang Sastra
(Dening : Moch. Makloom)
Wayange wis bubaran
Dursasana wis gugur ing palagan
Pandhita Durna mung kari aran
Wis ora ana banjir getih abang ngatirah
Wis ora keprungu swarane prajurit bandayuda
Langit bali sumilak
Tegal karusetra wis ora bledug ampak-ampak
Embuh wis pira
Arjuna lan para garwa
Among tresna sinengkuyung rasa bagya
Sawise perang baratayuda
Ing sajrone kothake mas dhalang Sastra
Ana ing pada siji nggambarake kahanan . . .
Dursasana wis gugur ing palagan
Wis ora ana banjir getih abang ngatira
Sawise perang baratayudha, pratanda kamardikan
Pandhita Durna mung kari aran
Among tresna Sinengkuyung rasa bagya
Wayange Mas Dhalang Sastra
(Dening : Moch. Makloom)
Wayange wis bubaran
Dursasana wis gugur ing palagan
Pandhita Durna mung kari aran
Wis ora ana banjir getih abang ngatirah
Wis ora keprungu swarane prajurit bandayuda
Langit bali sumilak
Tegal karusetra wis ora bledug ampak-ampak
Embuh wis pira
Arjuna lan para garwa
Among tresna sinengkuyung rasa bagya
Sawise perang baratayuda
Ing sajrone kothake mas dhalang Sastra
Pratelan sing padha mathuk karo pada siji geguritan kasebut, yaiku . . .
Pandhita Durna iku gurune Kurawa
Pandhita Durna iku gurune Pandhawa
Pandhita Durna wis tumekaning pralaya
Pandhita Durna iku gurune Pandhawa lan Kurawa
Pandhita Durna nunggoni rampunge perang Baratayudha
Ing ngisor iki sing klebu sandhangan swara yaiku . . .
Nonton wayang bareng kancane, menawa ditulis kanthi aksara Jawa, yaiku . . .
Unen-unen ing ngisor iki nuduhake menawa awake dhewe kudu bisa njaga kahormatane wong tuwa, yaiku . . .
Pranyatan ing ngisor iki ngandharake ngenani gunane pasangan, kang bener yaiku. . .
kanggo nulis aksara sigeg ana ing pungkasaning ukara.
kanggo nulis aksara ing mburine aksara legena
kanggo nulis aksara sing mengku sandhangan swara.
kanggo nulis aksara ing mburine aksara sigeg, kajaba aksara sigeg mau r, h, lan ng.
kanggo nulis aksara sigeg ana ing ngarepe aksara legena.
Pager sendhok luwih becik tinimbang pager tembok. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku . . .
Wati nyuwun dhuwit simbah 35.800 rupiyah.
Yen ditulis nganggo aksara jawa kang bener yaiku . . .
Tembang kang lumrahe digunakake kanggo wong sing lagi gandrung kapirangu. Kaudhal saka rong tembung kang tegese tresna lan geni. Tembang isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna. Tegese rasa tresna, tresna marang liyan (priya, wanita lan liyan), kabeh mau wis dadi kodrate Gusti. Andharan mau nuduhake jinise tembang . . .
Asmaradana
Maskumambang
Katresnan
Sinom
Mijil
Lamun sira anggeguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata,
Ingkang becik martabate,
Sarta kang wruh ing hukum,
Kang ngibadah lan kang wirangi,
Sukur oleh wong tapa,
Ingkang wus amungkul,
Tan mikir pawewehing liyan,
Iku pantes sira guranana kaki,
Sartane kawruhana.
Tembang ing ndhuwur yen dianalisis andhedhasar guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune, yaiku . . ..
12i, 9a, 8e, 6u, 9i, 8a, 6u, 9a, 12i, 7a
12i, 9a, 8e, 7u, 10i, 7a, 6u, 8a, 10i, 7u
10i, 10a, 8e, 7u, 91, 7a, 6i, 8a, 12i, 7a
12i, 10a, 8e, 8u, 8i, 7a, 6u, 9a, 10i, 7a
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 9a, 12i, 7a
Lamun sira anggeguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata,
Ingkang becik martabate,
Sarta kang wruh ing hukum,
Kang ngibadah lan kang wirangi,
Sukur oleh wong tapa,
Ingkang wus amungkul,
Tan mikir pawewehing liyan,
Iku pantes sira guranana kaki,
Sartane kawruhana.
Yen dideleng saka guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune, tembang ing ndhuwur kalebu jinisi tembang apa, lan tegese kepriye . . .
Asmaradana, tegese tresna lan geni.
Dhandhanggula, tegese pangarep-arep.
Maskumambang, tegese emas lan kumambang.
Dhandhanggula, tegese nyingkiri hawa nepsu.
Mijil, tegese wedharing rasa.
Akeh kang ngwastani, yen teks Anekdot padha karo teks humor, kamangka sejatine beda. Kanggo ngerteni bedane teks anekdot karo teks humor, yaiku . . .
teks anekdot guyonane lugu/wantah, yen teks humor guyonane ngandhut pasemon, wewarah, lan wejangan.
teks anekdot isine nyritakake lelakon wong penting, yen teks humor isine nyritakake lelakon wong biyasa.
teks anekdot mupangate minangka sarana lelipur utawa hiburan, yen teks humor mupangate minangka sarana kritik sosial.
teks anekdot kadhapuk andhedhasar khayalan utawa, imajinasi, yen teks humor kadhapuk andhedhasar prastawa kang nyata.
teks anekdot guyonan ora migunakake lelewaning basa, yen teks humor guyonan migunakake lelewaning basa.
Guyon sajrone sandhiwara utawa drama, yen paraga nganti kebablasan sok-sok malih dadi tangisan, jalaran . . .
yen guyon kudu nganggo wewaton
bebrayan jawa nduweni paugran
guyon iki kerep kasebut guyon maton
gawe lara atine liyan pungkasan dadi tukar padu
bab guyon, mesthi ana wewatone
Minangka teater rakyat, sandhiwara ludruk ngrembaka bebarengan karo kahanan masyarakat Jawa Timur. Mula kang ora nuduhake sipat utawa titikane basa lan sastra ludruk, yaiku . . ..
egaliter ‘padha/saderajat’
nggunakake dhialek basa jawa timuran
seneng guyonan lan lelagon
tinarbuka lan apa anane (spontan lan prasaja)
critane ngandhut sejarah utawa crita kerajaan