40 questions
Artikel sing ngadharake kanyatan โ kanyatan miturut panalare panulis diarani artikelโฆโฆ
Deskriptif
Eksplanatif
Eksploratif
Prediktif
Preskriptif
Prakara โ prakara kang perlu digatekake nalika gawe ringkesan antarane kaya kasebut ing ngisor iki, kajabaโฆโฆ
Nggunakake ukara tunggal
Ukara dadi frasala frasa dadi tembung
Cacahe paragraph gumatung ana akehing topic utaman ana sajroning karangan asli
Gagasan asline dipertahanake
Sistematika panulisane sing bener
Wayang kag nyritakake perange prabu Arjuna Sasra karo Dasamuka yaikuโฆโฆโฆโฆ
Ramayana
Mahabharata
Kadhewatan
Arjuna Sasra
Wayang Wasana
Piranti pagelaran wayag kang ngambarake sasmitaning urip, diaraniโฆโฆโฆ
Blencong
Kothak
Keprak
Debog
Kelir
Anak polah bapa kepradhah, saline nganggo aksara jawaโฆโฆ
Anak bekti karo wong tuwa
Anak kudu bekti karo wong tuwa
Anak kudu bekti marang wong tuwa
Anak iku bekti karo wong tuwa
Anak kudu bekti karo wong tuwane
Sejatine urip iki
Kaya dene wong lelungan
Neng donya mung mampir ngombe
Teruse jagad akerat
Nunggal lawan Pangeran
Kang titis pangesthinipun
Yekti antuk kanugrahan
Tembang ing ndhuwur diarani tembang โฆ
Asmaradana
Maskumambang
Durma
Pangkur
Sinom
Yogyanira kang para prajurit,
Lamun bisa samya anulada,
Kadya nguni caritane,
Andelira sang Prabu,
Sasrabahu ing maespati,
Aran Patih Suwanda,
Lelabuhanipun,
Kang ginelung tri prakara,
Guna kaya purunne kang denantepi,
Nuhoni trah utama,
Guru wilangan lan guru lagune gatra kelima yaikuโฆโฆโฆโฆโฆ
9i
8a
10i
8i
9a
....................
Lelabuhanipun,
.....................
Guru wilangan lan guru lagune gatra............
5u
6u
6i
5i
7u
Ing ngisor iki kalebu aksara murdha, kajaba โฆ
Jinise puisi Jawa modhern (gagrak anyar) diarani..
Parikan
Paribasan
Wangsalan
Geguritan
Cangkriman
Kangen
Dening: Edi Winarno
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama Hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi
dakparani
Ing geguritan โKangenโ, panggurit (pengarang) dadi..
Ibu
Anak
Putu
Tangga
Bapak
Umpama Hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi
Dakparani
Purwakanthi kang digunakake yaiku purwakanthi guru...
Swara i
Sastra t
Basa/lumaksita
Swara um
Sastra g
Ing ngisor iki kang ora kalebu jinise tembang macapat yaiku..
Pucung
Kinanthi
Gambuh
Sinom
Jamuran
Pangkur
Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji
Guru wilangan lan guru lagu gatra katelu tembang Pangkur yaiku..
8i
8u
8a
8o
8e
Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi
Anemu duraka
Ing donya tumekeng akhir
Tan wurung kasurang-surang
Manut tembang ing dhuwur kepriye dadine menawa anak durhaka karo wong tuwa?
Sengsara uripe
Mulya uripe
Bungah atine
Tentrem uripe
Penak uripe
Jinise upacara adat ing ngisor iki sing ana gegayutane karo alam yaiku...
Brokohan
Sepasaran
Telonan
Tingkeban
Tolak balak
Tata cara kang katindhakake sawise ijab kabul, yaikuโฆโฆโฆโฆโฆ
Kenduren
Upacara panggih
Upacara wiji dadi
Srah โ srahan
Sinduran
Pidhato kathi cara migunakake teks utawa naskah ingkang dipun waos kanthi langsung diarani metodeโฆโฆโฆโฆโฆโฆ
Naskah
Apalan
Impromtu
Ekstemporan
Campuran
Tematen kakung lenggah ing pangkon sisih tengen keng ramanipun temanten, dene temanten putri lenggah ing pangkon sisih kiwa wondene ibunipun temanten lenggah ing sangajengipun temanten sarimbit. Tata cara kasebut diaraniโฆโฆโฆโฆโฆโฆ
Sungkeman
Timbangan
Kacar โ kucur
Pupuk
Sinduran
Bobot ajining kang ana sajrone teks sandhiwara gumantung marang ....
jejer (orientasi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi โperasaanโ sing nonton.
pangudhare prakara (resolusi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi โprasaanโ sing nonton.
basa rinengga (gaya basa) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi โperasaanโ sing nonton.
pasulayan (konflik) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi โperasaanโ sing nonton.
dhalang (sutradara) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi โperasaanโ sing nonton.
Titikan kang nuduhake kakurangane basa lisan, sajrone teks drama tradisional yaiku . . ..
kadhang kala ukarane dibolan-baleni.
luwih bebas merga ora winates paramasastra.
luwih cepet dingerteni wong kang diajak wawanrembug
bisa dicocogake marang kahanan (situwasi).
angel dipahami jalaran tetembunge winates.
Ibu : Bapak wis dhahar?
Bapak : Wis, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung kondur.
Basa kang digunakake ing punggelan teks kasebut yaiku . . .
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Ngoko lan krama
Basa kang digunakake kanggo cecathuran wong luhur durung nate tepung lan durung akrab, nggunakake basa . . ..
ngoko
ngoko alus
krama lugu
krama inggil
krama madya
Minangka pribadhi kang lantip, yen rembugan kudu bisa empan papan, jalaran . . .
ing ngendi lan karo sapa kita rembugan panganggone basa padha wae.
panganggone basa ing warung kopi padha karo ing arisan ibu-ibu.
bocah sekolah, bocah kuliyahan, para pegawe, yen jagongan basane padha wae.
para intelek, emimpin agama, apa dene politkus, yen jagongan padha wae.
beda papan lan bab kang dirembug, bisa ndadekake beda panggonane basa.
Naskah crita kang mujudake pirembugan utawa pacaturan (dhialog), kang bisa diparagakake dening para paraga lumantar naskah diarani . . .
tembang
drama
parikan
gancaran
geguritan
perangane wiwitane crita kanggo nepungake tokoh, swasana lan bibit kawit tumuju crita sabanjure diarani . . ..
pangudhare prakara
pasulayan
klimaks
jejer
panutup
Pegelaran lakon, bisa dadi salah sawijine sarana nggegulang moral kang cocog lan trep, jalaran . . .
tuntunan lan wulangan ing pagelaran lakon nduweni sipat doktriner kang meksa.
tuntunan lan wulangan ing pagelaran lakon ora nduweni sipat doktriner kang meksa.
lumantar medhia tontonan, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral ora bisa rumesep lan kajiwaraga.
lumanar medhia tontonan, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral nduweni sipat doktriner kang meksa.
lumantar medhia tontonan, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral bisa meksa rumesep lan kajiwa raga.
Teks lakon drama katulis kanthi bleger kang dumadi saka . . ..
bait, baris, paragraf, lan antawacana
paragraf, antawacana, swasana, lan pituduh laku
tokoh, bait, baris, swasana, lan pituduh laku
tokoh, paragraf, swasana, lan pituduh laku
tokoh, antawacana, swasana, lan pituduh laku
โWeh-weh bingung aku ngetunge โฆ.uakeh banget..โ kandhane Ika nyengar-nyengir.
โkene taketunge, dhasar gak tau mangan sekolahan!โ Kandhane Desi karo nyaut dhuwit saka tangane Ika.
Pesan moral cerkak kang pas kanggo ukara mau, yaiku . . .
religi
sosial
budaya
pendhidhikan
pribadhi
Akeh kang nguwastani, yen teks Anekdot padha karo teks humor, kamangka sejatine beda. Kanggo ngerteni bedane teks anekdot karo teks humor, yaiku . . .
teks anekdot guyonane lugu/wantah, yen teks humor guyonane ngandhut pasemon, wewarah, lan wejangan.
teks anekdot isine nyritakake lelakon wong penting, yen teks humor isine nyritakake lelakon wong biyasa.
teks anekdot mupangate minangka sarana lelipur utawa hiburan, yen teks humor mupangate minangka sarana kritik sosial.
teks anekdot kadhapuk andhedhasar khayalan utawa, imajinasi, yen teks humor kadhapuk andhedhasar prastawa kang nyata.
teks anekdot guyonan ora migunakake lelewaning basa, yen teks humor guyonan migunakake lelewaning basa.
Guyon sajrone sandhiwara utawa drama, yen paraga nganti kebablasan sok-sok malih dadi tangisan, jalaran . . .
yen guyon kudu nganggo wewaton
bebrayan jawa nduweni paugran
guyon iki kerep kasebut guyon maton
gawe lara atine liyan pungkasan dadi tukar padu
bab guyon, mesthi ana wewatone
Minangka teater rakyat, sandhiwara ludruk ngrembaka bebarengan karo kahanan masyarakat Jawa Timur. Mula kang ora nuduhake sipat utawa titikane basa lan sastra ludruk, yaiku . . .
egaliter โpadha/saderajatโ
nggunakake dhialek basa jawa timuran
seneng guyonan lan lelagon
tinarbuka lan apa anane (spontan lan prasaja)
critane ngandhut sejarah utawa crita kerajaan
Tatarane basa sing paling dhuwur kang mujudake basa kurmat banget, kanggo ngurmati wong sing pancen kudu diurmati diarani basa โฆ
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
krama madya
Penganggone basa ngoko alus jroning ukara ing ngisor iki sing paling trep yaiku โฆ
Panjenengan mengko sonten apa arep kesah menyang Surabaya?
Pakdhe mau bengi ora sida tilem ing kene, akhire aku ngeterne mulih.
Aku ora sida mundhut buku saiki merga isih durung kagungan dhuwit.
Bapak saiki isih durung kersa dhahar mulane ora perlu dicepakake saiki.
Apa sing taktindakne iki wis cocog karo sing panjenengan aturake esuk mau.
Dhik Hari mau nangis โฆ ora dipundhutake dolanan, โฆ mas Bayu terus nukokne modil-mobilan.
nanging; jalaran
mulane; sebab
jalaran; mulane
utawa; dening
pramila, ewadene
Jroning teks anekdhot perangan kang mujudake wiwitane paragraf sing fungsine kanggo aweh gambaran ngenani isine teks diarani โฆ
Koda
Krisis
Reaksi
Orientasi
Abstraksi
Gatekna teks ing ngisor iki!
(Kanggo soal nomer)
Ana sawijining murid SD sing pancen durung sepira paham karo basa krama, nyuwun pirsa marang gurune sing ndilalah wektu iku lagi rada duka. Pas muride nuyuwun pirsa karo gurune kuwi, Pak Gurune lagi dhahar ing kantin, tanpa disadhari ing tutuke ana upane.
Murid : โPak Guru, basa krama inggilipun cangkem punika punapa, Pak?โ
(Amarga ora kepenak atine, Pak Guru anggone mangsuli mung nganggo basa sing sakarepe).
Pak Guru : โKrama inggile cangkem kuwi cocot...!โ
Murid : โO inggih maur suwun.โ (meneng sedhela, banjur matur marang gurune) Nuwun sewu cocotipun Pak Guru wonten upane!โ
Pak Guru : โ???โ
Yen dideleng saka isine, wacan ing ndhuwur diarani ...
Drama
Guritan
Gancaran
Tembang
Anekdhot
Geneya pak gurune anggone paring wangsulan kok mung sakarepe?
jalaran murid sing takon kurang ajar
jalaran wektu kuwi ora kepenak atine
jalaran mung kepengin ngetes muride
amarga pancen ora ngerti kekarepane
amarga naika dhahar durung rampung
Apa sing dadi dudutan (kesimpulan) jroning teks ing ndhuwur?
Guru kuwi anggone dhawuh ora kena sembarangan.
Dadi murid iku anggone matur karo gurune kudu sopan.
Murid sing kurang ajar kuwi perlu diwenehi paukuman.
Saben-saben manungsa meshi tau ngalami kesalahan.
Yen kepengin diajeni, kudu bisa ngajeni wong liya.